CILACAP, (CIMED) – Wong lanang inisial W (47) warga Kelurahan Tambakreja, Kecamatan Cilacap Selatan dicekel Satuan Reserse Narkoba Polresta Cilacap merga nggawa sabu bobote 0,45 gram. Tersangka dicekel pulisi nang pinggir dalan Desa Maos Kidul, Kecamatan Maos, Cilacap, Selasa (8/7/2025).
Kapolresta Cilacap liwat Kasi Humas Ipda Galih Soecahyo, nerangaken, tersangka dicekel pas nggawa sabu sing rencanane arep dinggo dhewek.
“Nyekel tersangka sewise polisi nampani informasi sekang masyarakat gandheng cenenge karo peredaran narkotika nang wilayah kono,” jere Kasi Humas Polresta Cilacap, Kamis (11/7/2025).
Sekang kasil nggoleti, polisi nemu siji paket sabu bobote 0,45 gram sing disimpen nang tugelan sedoten digubed lakban warna ijo, karo barang-barang liyane kaya HP, pit motor, ketambahan botol bekas banyu mineral isi uyuh (urine, red).
“Asil sementara sekang mriksa, tersangka W ngakune tuku sabu maring wong sing jenenge pak Dhe. Dol tinuku barang haram kuwe liwat daring (online). Sewise kadadean, banjur tersangka mbayar liwat Dana nganggo akun nggone dheweke,” jerene.
Polisi ngrampas kabeh barang bukti karo nggawa tersangka maring Mapolresta Cilacap nggo dikembangna maning.
Perkara kiye nganggo dasar Pasal 114 ayat (1) subsider Pasal 112 ayat (1), lebih subsider Pasal 127 ayat (1) huruf a Undang-Undang Nomor 35 Tahun 2009 tentang Narkotika dengan ancaman rehabilitasi atau pidana penjara paling lama 4 tahun. (*)





















