CILACAP, (CIMED) – Satresnarkoba Polresta Cilacap ora baen-baen terus-terusan mbrantas ubengan narkoba. Siki giliran wong lanang sing diduga dadi kurir sabu dicekel polisi nang pinggir dalan wilayah Desa Slarang, Kecamatan Kesugihan, Cilacap, Minggu (13/7/2025) wengi wetara jam 11.10 WIB. Pas didemek dheweke nggawa sabu 0,34 gram sing rencana arep diwehna maring sing pesen.
Kapolresta Cilacap liwat Kasi Humas Ipda Galih Soecahyo njelasna, tersangka sing dicekel inisial DRN (48) warga Kelurahan Tritih Kulon, Kecamatan Cilacap Utara.
“Tersangka dicekel nang pinggir dalan wilayah Desa Slarang, Kecamatan Kesugihan, Kabupaten Cilacap. Wektu kuwe tersangka pas arep ngewehna sabu nggone dheweke. Pas digeledah, polisi nemu siji paket sabu sing dibungkus plastik,” jelas Ipda Galih, Rabu (16/7/2025).
Miturut keterangan maring penyidik, DRN ngakune nek mung dijaluki tulung nang kancane kon njukut sabu nang wilayah Slarang. Rencanane, sabu kuwe arep dinggo bareng.
Ora mung sabu, polisi uga ngamanaken barang bukti liyane wujude HP, pit motor karo botol bekas isi uyuh perlune nggo tes laboratorium.
Siki, tersangka DRN karo barang bukti wis diamanaken nang Mapolresta Cilacap nggo pengembangan maning. Polisi esih nguber pihak liyane sing diduga melu jaringan ubengan narkoba.
Tersangka DRN dijiret primer Pasal 114 ayat (1), subsider Pasal 112 ayat (1), dan lebih subsider Pasal 127 ayat (1) huruf a Undang-Undang RI Nomor 35 Tahun 2009 tentang Narkotika. Ancaman hukumannya maksimal 20 tahun penjara. (*)





















